Ayo Nang Banyuwangi Onok Barong Ider Bumi
Ojok kathik bingung-bingung, riayan mengko katene nang endi. Nek memang gak duwe agenda, budalo ngetan ae. Nang endi? Nang Banyuwangi! Sebab kutho sing jejuluk The Sunrise of Java iku lagi duwe acara keren gawe meriahno Idul Fitri.
Asline acara iki wis dadi tradisi nang kono. Nang Banyuwangi. Bareng riayan ngene, mesisan ae didakdeno acara sing gede. Tradisi iku jenenge "Barong Ider Bumi". Nek ancene budal mrono acara iku persise, Kamis 6 Juni. Mulaine acara jam 14.30 WIB. Manggone nang Desa Kemiren, Kecamatan Glagah, Banyuwangi.
“Tradisi Barong Ider Bumi iku mesti onok saben tahun. Gak tau absen. Barong Ider Bumi iki asline acara sing kebek filosofi. Masyarakat kudu ngerteni iki. Dadi iki tradisi sing maknane gawe nyeimbangno antarane panguripan karo kondisi alam,” jare Azwar Anas, Bupati Banyuwangi.
Tradisi Barong Ider Bumi asline laku tolak bala. Ider Bumi artine mlaku ngiteri lemah sing diidek awake dewe iki. Laku iki sejatine warisan para leluwur sing wis dilakoni atusan taun.
Jane ngono duduk perkoro atusan tahune iku lho sing nggarahi Ider Bumi iki onok saben taun. Mergo, nglakoni laku iku diarepno kabeh desa lan kabeh wargane podo urip jenjem tentrem nang ndonyo.
Jare catetan, jarene crito, tradisi laku Barong Ider Bumi iku wis onok ket taun 1840. Pas iku, desa-desa nang Banyuwangi kenek wabah penyakit. Isuk lara sorene matek. Korbane akeh. Gak ngono thok, wong-wong tani yo podo gak isok panen. Koyo kenek paceklik. Saya suwe saya akeh sing matek, akhire pinisepuh desa njaluk saran nang Mbah Buyut Cili.
Saran padang njlinglang ditrimo. Liwat ngimpi. Impene, warga dikon gawe arak-arakan Barongan. Tujuane gawe tolak balak. Arak-arakan iku mau kudu muteri desa sing kenek wabah aratan.
Ndilalah, mari arak-arakan, wabah penyakit aratan sing akeh mangan korban iku mau jablas ilang blas. Lha kan yo gawe nggumun to. Warga percaya nek ilange wabah ya mergo laku ider bumi kuwi mau. Mulo ngono tradisi arak-arakan barongan ider bumi trus dilestarekno nganti saiki.
Kanggo wong Kemiren, nganti saiki, Barong dipercoyo sing njogo desa. Sing njogo warga. Baronge duduk Barong biasa, tapine Barong sing nduwe sewiwi gawe miber koyo manuk. Utowo koyo Buroq, jaran sing ndas manungso kae.
Laku ritual biasane didhisiki karo suworo angklung. Pinisepuh desa, sing nabuh. Bar iku Barong diarak mubeng desa karo dinyanyekno matra Jawa. Sing ngarak Barong klambine nggawe klambi adat Using sing warnane ireng-ireng.
Pungkasane laku ritual ditutup karo slametan. Kudu onok tumpeng pecel pitike. Bahane kudu pitek kampungy sing sik masih dara. Bar dibeleh, trus diresiki, trus dipanggang. Kudu dibumboni lombok rawit, terasi, godhong jeruk, karo gula. Bar diulek bumbu dicampur karo parutan klapa enom.
Wis yo, jos yo... Nek wis siap mengko ojok ragu-ragu nek katene budhal Banyuwangi. (idi)
Advertisement